Slamet Gundono, Dhalang Wayang Suket Ing Tegal Jawa Tengah

Tegal mingka kabupaten ing iring kulon Jawa Tengah kasebut wes cedhak karo Jawa Barat kang ngugemi budaya Sunda. Mula ora nggumunke minangka kesenian ing Sunda uga nyiprat  ing tlatah iki, kayata wayang golek. Ing tanah asline, Asep Sunandar Sunarya wes kaceluk minangka dhalang wayang golek kondang, dene ing Tegal ana Ki Entus Susmono kang misuwur bisa nglakokake wayang kulit lan golek. Ananging ana siji maneh wayang ora ‘biasa’ kang uga lair ana ing Tegal. Wayang iku kasebut wayang suket.  Dhalang kang ngunggahke jeneng wayang iki ora liya, yaiku Slamet Gundono.

Pria kang lahir ing Slawi, Tegal 19 Juni 1966 asma cilike yaiku Gundono. Dene asma Slamet iku saka gurune nalike SD. Saking tresnane marang gurune, Gundono terus ngganti asma. Slamet Gundono pancen ora koyo umume dhalang. Ing tlatah Jawa dhalang wayang biasane pentas kanthi panggung kang meger-meger endah.

Gamelan pating tharik tumata, ora lali karpet abang utawa elek-eleke kloso gumelar sandhuwure panggung kang biasane digawe saka kayu. Geber ombo, blencong lan ora lali jejeran wayang komplit karo gunungane cumawis, pratandha dhalang siap nglampahi tugase. Ananging wayang suket adoh soko ukara, ‘mewah’.

Ora ono geber utawa kelir megah sajroning pementasan. Kanggo gantine, woh-wohan koyo sayuran uga buah-buahan, hasil bumi lan kewan ternak, kaya bebek sing ‘melu mejeng’ ana ing ndhuwur panggung. Umume wayang diiringi kanthi gamelan lengkap, ananging wayang suket cuku diiringi loro utawa pirang rupo gamelan wae. Pring lan gitar cilik uga kerep digunakake kanggo ngiringi. Ora arang, malahan iringan mung nganggo tutuk. Lakon kang diusung sejatine yo saka Mahabarata, ning dipepaki isu-isu anyar uga cerita saben dinan kang dadi sorotan masyarakat Jawa Tengah.

Penampilan Slamet Gundono ugo nyentrik. Umume dhalang manawa pentas bakal nggunakake rasukan sing paling apik. Ing tlatah Jawa Tengah jarik lan beskap utawa surjan komplit karo kupluke dienggo. Ora keri keris uga sumlempit ingi mburi geger. Dhalang katon gagah lan mriyayi. Ananging Slamen Gundono duwe gaya dhewe, milih nganggo klambi gombrong lan sarungan. Malahan kadang kala, piyambake setengah tanpa rasukan.

Manawa pentas wayang kulit,  panggung sakwutuhe dadi pusat pamirsane, lan dhalang dadi perhatian utamane kasusul sinden lan para niyaga. Nanging, ing pementasan Slamen Gundono kang dadi siji-sijine pusat pentas. Iki lantaran kajaba dadi dhalang, piyambake ugo dadi pesinden sisan dadi pemain musik. Gundono tenar kanthi alat musik kentrung kang asring kagawa ing tangane.

Sakjroning dadi dhalang wes akeh kreasi wayang kang digawe. Kajaba Wayang Suket, wayang kang dikreasikake koyo, Wayang Lindur kanthi lakon Celengan Bisma, Uma, Nyai Sendon Kloloran (Sudamala), Wayang Kondo-M, lakon Minggatnya Cebolang (2009), Wayang Guyub Ndesa, lakon Gatotkaca (Embun Kang Tinatah), Wayang Api (2006), Wayang Banyu,  lakon Banyu, Isun Takon Apa Sira duwe Ibu? (2003).

Dene Wayang Suket kang dipentasake ana pirang-pirang lakon, koyo  Karno Putro Dewa Matahari, Sukesi utawa Rahwana Lahir, Limbuk Pengen Mardika, Lambe Abang anowati (1999). Banjur ana uga lakon Togog Mbilung Bedah Tumpeng Duryudan, Surti Kanthi, Limbuk Surti Kanthi, Gugur Gugur Gugur,Tali Rasa Rasa Tali (1998).

Awit kreativitase ngembangake seni tradisional lan ngadopsi idiom uga gaya modern, Slament Gundono nyabet penghargaan Prince Cluse saka Kerajaan. Rikala semana, kang menehake penghargaan, yaiku Nikolas Van Dam kang minangka Duta Besar Belanda kanggo Indonesia ing tahun 2006.  Slamet Gundono tutup yuswa ing RSI Yarsis, Pabelan, Kartasura tahun 2014 amarga nandang gerah komplikasi.

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Ritual Pesugihan Putih Bambu Petuk, Hidup Tenang Tanpa Tumbal

Banyak dari kita umumnya telah mengetahui bahwa semua hal yang bersangkutan bersangkutan dengan pesugihan, selalu memiliki dampak negatif bagi si pengguna bahkan bagi orang yang ada disekitarnya. Sebab pesugihan identik dengan ritual ilmu hitam yang pada ujungnya, pasti akan meminta tumbal dan membuat hidup si pelaku pesugihan tidak akan merasa tenteram. Baca Selengkapnya...