Iki Kang Njalari Ki Manteb Soedharsono Kasebut Dalang Wayang Kulit Setan

Kabar duka kembali datang dari dunia hiburan Tanah Air, dalang Ki Manteb meninggal dunia pada hari Jumat, 2/7/2021. Sempat beredar kabar bahwa Ki Manteb meninggal dunia karena terpapar Covid-19. Namun menurut dokter yang merawatnya, sang dalang meninggal karena penyakit paru-parunya kambuh, setelah kelelahan beraktivitas beberapa waktu lalu. Dibawah ini ada cerita bahasa jawa tentang sejarah hidup beliau hingga menjadi tenar seperti sekarang ini.

Jawa Tengah pancen lemahe para dhalang wayang kulit, wiwit iring etan tekan kulon, okeh dhalang kang kondang. Manawa ing iring kulon, ana Ki Entus Susmono saka tegal kang misuwur kanthi dhalang wayang kulit sisan golek, ing tlatah etan luwih okeh dhalang kondang, kayata Ki Nartosabdo, Ki Anom Suroto uga kang tenar kasebut dalang setan yaiku Ki Manteb Soedharsono. Sejatine apa kang njalari Ki Manteb kasebut dhalang setan, artikel iki bakal mbedah babagan iku.

Ramane yaiku Ki Hardjo Brahim kang nekuni seni pedalangan tulen. Piyambake ora ndhuweni pakaryan liyane. Ibune uga seniman, yaiku niyaga utawa penabuh gamelan. Ki Manteb cilik wes oleh didikan keras saka ramane. Ramane kepengen putrane iku dadi dhalang ing tembe mburi. Ora gumun  mula manawa ramane asring ngajak Ki Manteb cilik nalika ana pentas-pentas.

Seje ramane, seje maneh biyunge. Biyunge malahan kepengen manawa Manteb ora mung dadi dhalang tulen, nanging uga duwe pakaryan liyane. Awit saka iku, mula Ki Manteb enom disekolahake ana in STM Manahan, Solo. Ananging kaya paribasan, ‘woh tiba ora adoh saka wite,’ seni wes dadi jiwane Ki Manteb wiwit cilik. Piyambake malahan wes laris ndalang wayang kulit wiwit isih cilik, saengga pendidikane malah ketinggalan. Kanggo ngoyak kerier ing jagad pedalangan, piyambake banjur milih mandeg sekolah.

Sanadyan getih seni wes tumurun ing awake, nanging ora sekonyong-konyong Ki Manteb nggayuh kasuksesan ing jagad pedalangan. Piyambake butuh identitas utawa ciri khas kanggo mbedakake karo dhalang-dhalang kang wes misuwur sadurunge.

Rikala tahun 1970an tekan 1980-an, Ki Natosabdo bisa kasebut ‘lintange’ seni pedalangan. Semono uga Ki Anom Suroto kang nyusul dadi ‘primadona’ seni kasebut. Dhalang loro kuwi nduweni ciri khas dhewe-dhewe. Ki Nartosabdo kondang minangka keahliane ing seni dramatisasi, dene Ki Anom Suroto unggul ing seni suara. Ora gelem kalah karo para senior, Ki Manteb wani milih dadi dhalang kang ahli sabet alias prigel anggone ngobahke wayang.

Kanggo nglayahake ketrampilan iku, piyambake ngangsu kawruh karo Ki Sudarman Gondodarsono ing tahun 1974.  Kajaba iku, Ki Manteb uga seneng nonton film laga, yaiku Kung Fu kang dibintangi dening Bruce Lee lan Jackie Chan. Awit saka lincahe anggonke ngobahke wayang iku, Ki Manteb banjur kondang kasebut Dhalang Setan.

Ora mung tekan semono, gebarakan anyar kang diusung Ki Manteb ing seni pedalangan. Kanggo nyengkuyung endahe seni sabet wayang kang dilakoke ing pentas, Ki Manteb ora baeng-baeng malahan wani nggowo peralatan musik modern, kaya tambur, biola, terompet lan simbal. Kaya dene Ki Nartosabdo kang nate dikritik amarga ngusung banyolan ing adegan Keraton kang kudune kaku, Ki Manteb uga nampa pacoban kang padha. Ora sithik pihak kang ora setuju karo pembaharuan kasebut. Ananging okeh uga para pendukung kang pro Ki Manteb.

Tanpa mikirake pro lan kontrane, ora bisa ditampik manawa seni sabet wayang Ki Manteb pancen MANTEB! Sabet  ora mung kanggo nunjukake adegan tarung utawa perang, nanging uga nari, susah, seneng, kaget, ngantuk lan sak piturute. Piyambake uga bisa nggawe adegan kilas balik utawa flashback kang sadurunge mung ana ing jagad perfilman lan kasusastran.

Kuwi mau minangka ceritane Ki Manteb Soedharsono kasebut dhalang setan. Nganti saiki Ki Mantem isih aktif ndalang ing pirang-pirang papan. Kejaba kondhang dadi dhalang wayang kulit, Ki Manteb uga nate dadi bintang iklan obat lara sirah kanthi jargon ‘ Pancen Oye’ - kang kondang tekan saiki.

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Ajian Saifi Angin (Sepiangin), Sarana Teleportasi Jaman Dulu

Bicara soal ilmu kebatinan, ternyata ada banyak sekali jumlahnya di Indonesia, khusunya di tanah Jawa. Salah satu dari ilmu kebatinan yang melegenda yaitu bernama Saifi Angin. Ilmu ini diyakini dapat meringankan tubuh penggunanya sehingga bisa berlari atau berpindah tempat dengan sangat cepat bak angin. Baca Selengkapnya...