Gito Gati, Kembar Kang Dadi Legenda Seniman Ketoprak Jogja

Nganti saiki Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat isih lestari. Mulo ora nggumunake manawa maneka warna kesenian uga tuwuh subur ing kiwo tengene. Salah sawijine seniman kang kondang soko tlatah iki, yaiku, Ketoprak. Nyeritakake babagan kesenian iki, banjur masyarakat Jogja ora bisa nglaleake Gito Gati, kembar kang dadi legenda seniman ketoprak Jogja. Ki Sugito lan Ki Sugati utawa luwih kondang kaceluk 

Gito Gati sejatine putra kembar soko dalang Ki Cermo Taruna soko Dusun Pajangan, Sleman*, salah sawiijine kabupaten ing Propinsi Yogyakarta ing sisih lor. Lahir soko getih seniman, ora nggumunake manawa Gito lan Gati cilik nduweni getih seni uga. Kembar iki banjur prigel ing samubarang kesenian, soko wayang kulit, wayang uwong, tari, dagelan, uga ketoprak. Eloke kabisan-kabisan kuwi digayuh kanthi otodidak.

Ewadene ngono, kembar kelahiran 1943 iku ora banjur tenar sak naliko. Ana proses dowo kang kudu dilakoni. Awit ramane dhalang, mula kembar Gito Gati wiwit cilik wes asring melu pentas soko papan siji lan liyane. Saking senenge marang kesenian, sekolahe nganti ketinggalan, saengga si kembar iku mung namatke sekolah setingkat SD wae.

Getih seni kang ngalir deres ing raga kembar iki pancen ora keno dibendung, ditambah semangat dhuwur ing jagad seni, mula kembar iku banjur nekuni kanthi temenenan kesenian-kesenian. Gati sejatine mahir ana ing wayang kulit, dene Gati luwih gesit anggone ‘noprak’ (Ketoprak).

Senajan ngono, kembar iki asring pentas bareng lan nglengkapi siji lan sijine. Kaya akeh e bocah kembar kang nangdi wae ora keri, semono uga Gito lan Gati kang ora tau keri. Angger sijine pentas, sijine uga melu pentas. Manawa Gati pentas wayang, Gito ora  gelem ketinggalan, umpanane melu dadi pengendhang. Semono uga manawa Gito pentas Gati ora keno keri.

Kanthi lumakune wektu, ana ing tahun 1966, Gito Gati banjur nggawe paguyuban ketoprak kang diarani Paguyuban Seniman Bagian Yogyakarta Utara dan disingkat PS Bayu. Paguyuban ketoprak iki banjur ngenengake pentas keliling ing tlatah Jogja lan sak kiwo tengengen, kalebu ing tlatah Jawa Tengah, koyo Magelang, Kebumen, Purworejo lan liyo liyane.

Pisanan paguyuban iki pentas ing tahun 1978 ing TVRI Yogyakarta kanthi lakon ‘Ombak Segoro Kidul’. Anggone pentas paguyuban iki uga asring ngajak seniman ketoprak soko Jogja lan Jawa Tengah. Kajaba pentas ing TV lan ing panggung-panggung, ketoprak Gito Gati uga nglakoni rekaman kaset. Lakon-lakon misuwur kang direkam iku kelebu, ‘Aryo Penangsang Lair’, 'Arya Penangsang Gugur', uga ‘Anglingdharma’.

Dene ing karakter pribadi, Gito lan Gati ora podho. Gito dikenal kanthi sosok kang humoris utawa sugeh banyolan. Mulane, piyambake ing pentas uga asring dadi dagelan kang gawe penonton nganti kepingkel-pingkel. Kembarane, Gati luwih serius, mulo anggone pentas luwih asring ngusung peran antagonis.  

Ing tahun 1990an, Ketoprak PS Bayu pancen moncer. Ora tanggung-tanggung, naliko kuwi stasiun TV Indosiar nganti rutin nayangake rekaman pentas langsung PS Bayu ing Magelang angger malem Jumat.

Tekad kembar iki anggone ngestareake budaya Jawa pancen patut ditiru. Piyambake uga ngajak anak, putu malahan mantu kanggo pentas lan nyengkuyung lestarine kesenian ketoprak. Saiki, Gito lan Gati wes ora ana maneh, nanging asmane tetep bakal ana ing ati masyarakat Jogja lan Indonesia, khususe para pandemen Ketoprak. Gito kapundhut ing tahun 1996, dene Gati ‘nyusul’ ing tahun 2009. Kanggo ngurmati jasane seniman kembar iki, Pemerintah Sleman menei jeneng ruas dalan prapatan Denggung nganti Rejondani, Sleman kanthi asma ‘dalan Gito Gati’.

 

*Keterangan:

Sleman adalah sebuah kabupaten di Daerah Istimewa Yogyakarta. Ibu kota kabupaten ini adalah Sleman. Sleman City Hall merupakan satu dari beberapa pusat perbelanjaan yang ada di Kabupaten Sleman. Lokasinya berada di Jalan Magelang Km 9,6 No 18 Denggung, Tridadi, Kabupaten Sleman.

Walaupun termasuk mall termuda yang ada di DIY, Sleman City Hall memiliki sejumlah fasilitas yang tak kalah lengkap dengan mall lainnya. Bahkan mall ini memiliki hall atau ballroom yang bisa digunakan oleh masyarakat Sleman dan sekitarnya untuk beraktivitas.

Jika melihat desain bangunannya, hampir menyerupai Jogja City Mall, karena memang sama-sama berada di bawah naungan perusahaan yakni PT Garuda Mitra Sejati.

Untuk mendukung kebutuhan masyarat di wilayah ini, Sleman City Hall dibangun delapan lantai, dengan enam lokasi untuk event. Fasilitasnya juga cukup memadai, ada wifi, medical room, charging area, parkir luas, stroller bayi, alat pemadam api ringan, customer service, atm center hingga kawasan yang selalu diawasi cctv.

Mall ini tergolong mudah dijangkau, karena banyak moda transportasi yang bisa digunakan. Untuk pengunjung yang menggunakan kendaraan pribadi, silahkan ambil jalan ke arah utara, tepatnya di Jalan AM Sangaji kemudian Ringroad Utara ke arah barat melewati Monumen Jogja Kembali dan Fly over Jombor menuju ke Utara atau arah Magelang.

Lokasi mall tak sampai tiga kilometer dari titik tersebut. Saat ini Sleman City Hall juga menjadi salah satu pick up poin untuk kendaraan shuttle bus Bandara Yogyakarta International Airport (YIA) sehingga memudahkan para wisatawan yang berangkat dari bandara menuju mall.

Sumber: Tribunews.com

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Bagong, An Innocent Puppet Character

Every character in Punakawan puppet show has their own different meanings of philosophy. One of them is Bagong. Ki Lurah Bagong is one of the fiction members of Punakawan and he is also the youngest among all according to the story. Bagong is basically the adopted child of Semar. Bagong is known as the innocent character and in Banyumas, Bagong is known as Bawor. His characteristics is an entertainer to the viewers. The physical look is so funny and unique. Baca Selengkapnya...