Gebrakan Kondang Sutrisno, Ketua Organisasi Dhalang Wayang Kulit PEPADI 2015 - 2020

PEPADI (Persatuan Pedalangan Indonesia) adalah organisasi profesi yang independen, beranggotakan para dalang, pengrawit, swarawati, pembuat wayang dan perorangan yang memenuhi persyaratan tertentu. Disebut organisasi profesi karena PEPADI mewadahi kegiatan seni pedalangan yang merupakan keahlian berkesenian khusus, sebagai sarana pengabdian dan peningkatan kualitas hidup para seniman pewayangan dan pedalangan.

Kaya dene profesi dokter kang nduweni Ikatan Dokter Indonesia minangka organisasine, dhalang uga nduwe organisasi sejenis. Organisasi dhalang wayang kulit kasebut yaiku PEPADI  (Persatuan Pedalangan Indonesia). Dene kang kepilih dadi pucuk pimpinan organisasi iku Kondang Sutrisno. Kondang kepilih dadi Ketua PEPADI miturut hasil Musyawarh Nasional utawa Munas VI PEPADI kang digelar ing Pasuruan, Jawa Timur nalika 30 Maret 2015 kepungkur. 

Piyambake kepilih nahkodai paguyubane para dhalang kasebut wiwit 2015 kepungkur ngantu tahun 2020 iki. Sakdurunge kepilih, kursi nomer siji PEPADI dilenggahi dening Ekotjipto.

Sajroning kepemimpinanne, Kondang dikenal akeh ngusung gebrakan-gebrakan. Salah sawijine gebrakan kang patut diacungi jempol, yaiku nglebokake dhalang saka generasi enom kang ora sithik jumlahe. Ora tanggung-tanggung, jumlah para generasi enom ing PEPADI nganti 85 persen. Asma kondang kaya Nanang Hape kang dikenal amarga warang urban, uga Dunung Basuki Kurniawan kang asring katut ana produksi karo seniman Sujiwo Tedjo.

Mlebune para generasi enom ing PEPADI kuwi mau jumbuh karo tema pelantikan lan pengukuhan kepengurusan, "wayang untuk generasi muda" kang diadani ing Gedung Pewayangan Kautaman, Taman Mini Indonesia Indah (TMII), Rabu malam, 20 Mei 2015 kepungkur.

Rikolo semono, Kondang ngarepake manawa pemerintah mutusake Dina Wayang Nasional saperlu dongkrak pitepangan, katresnan lan pelestarian wayang kulit. ‘Iso dibayangake manawa iki ditetapake, mulo ing dina kuwi bakal dadi momentum kegiatan pegelaran wayang ing akeh papan ing Indonesia,’ sebut Kondang nalika semono kaya kang dilaporke Tempo.  

Ngimpi gedhe iku pungkasane ora gawe kuciwo, amarga Presiden Jokowi netapake 7 November dadi Dina Wayang Nasional. Penetapan kuwi nalika kepala negara nampa perwakilan budayawan lan seniman Indonesia ing Istana Merdeka, Jakarta, Selasa 11 Desember 2018 kepungkur. Keputusan iki soyo nambahi bungah para prosutresno wayang lan para dhalang khususe lan para seniman ing Indonesia. Sedurunge Pemerintah Indonesia netapake dina wayang, UNESCO malahan wes luwih gasik anggone netapale wayang dadi salah sijine Warisan Budaya Dunia ing 7 November 2003.

Kepilihe Kondang minangka Ketua PEPADI kang anyar sakjane wes ora nggumunake. Jalaran pria kelairan Blora Jawa Tengah, 10 April 1968 iku, wiwit cilik piyambake pance wes seneng karo kesenian wayang. Wayang kang disenengi akeh wernane, mulai soko wayang kulit Gaya Surakarta, Gaya Yogya, wayang golek Sunda, wayang kulit Betawi, wayang orang, nganti  wayang Bali.

Ora cukup seneng wae, ananging piyambake uga mbuktekake kesenangane iku kanthi tumindak kang nyoto, salah sijine yaiku ngedekake Yayasan Putro Pendowo ing tahun 1992. Banjur 3 tahun sawise, piyambake bali ngedekake Sanggar Putra Dahana kanggo wadah pelatihan tari, karawitan lan pedalangan.

Koleksi wayange yo akeh, khusus koleksi wayang kulit purwa Gaya Surakarta anyar lan lawas tembus 3.628 buah, wayang Gaya Yogyakarta 224 buah, wayang golek Sunda 220 buah, wayang kulit Serie Ramayana 240 buah, lan wayang khusus Mahabharata ana 66 buah.

Dene PEPADI nganti tahun 2020 iki wes nyedaki umur 50 tahun. Setengah abad ngadeg, PEPADI wes duweni luwih saka 20 komisariat daerah propinsi lan luwih saka 170 pengurus tingkat kota lan kabupaten. Anggota PEPADI uga ora sithik jumlahe, luwih saka 12 ewu dhalang ing Indonesia.

Dhalang-dhalang wayang kulit kondang ing Indonesia jumlahe pancen ora sithik. Ananging kang kalebu ‘lintange para dhalang’ ora okeh. Dhalang kang misuwur kasebut kaya Ki Nartosabdo kang kasebut legenda, banjur ana Ki Manteb Sudarsono, Ki Entus Susmono, Asep Sunandar Sunarya, ugo Ki Anom Suroto.

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Gua Maria Sumber Kahuripan - Paroki Santo Fransiskus Asisi Cibadak, Sukabumi

Salah satu tempat ziarah dan berdoa bagi umat Katolik di Sukabumi adalah Gua Maria Sumber Kahuripan. Yang terletak di Jl. Perintis Kemerdekaan No.29, Cibadak, Sukabumi, Jawa Barat 43155, sekitar ±19.33 Km dari Kantor Bupati Sukabumi. Gua Maria Sumber Kahuripan ini diresmikan oleh Uskup Bogor, Mgr Michael Cosmos Angkur, OMF pada tanggal 30 Mei 2004. Baca Selengkapnya...