Bagong Kussudiardja, Legenda Seniman Tari Kelahiran Ngayogyakarta

Ngayogyakarta, adalah istilah bahasa jawa untuk menyebut Kota Yogyakarta. Dalam penggunaannya sehari-hari, Yogyakarta lazim diucapkan sebagai Jogja atau dalam bahasa Jawa Ngayogyakarta. Karena termasuk kota tua, banyak bangunan bersejarah disini, salah satunya adalah Stasiun Tugu, yang mulai beroperasi pada 20 Juli 1887. 

Stasiun Tugu menyediakan layanan kereta api untuk berbagai kelas yaitu kelas eksekutif, kelas campuran, kereta bandara, komuter dan KRL Commiter Line dari dan tujuan Solo Balapan. 

Saat ini KAI Commuter menambah dua jadwal KRL Solo Jogja pada akhir pekan, untuk melengkapi empat perjalanan yang sebelumnya telah dioperasikan. 

Dibawah ini adalah jadwal KRL Solo Jogja untuk keberangkatan beserta nomor KRL, yang dirilis oleh kompas.com (13/03/2021).

08.13 - KRL No.646 
06.28 - KRL No.648
06.59 - KRL No.7102
08.13 - KRL No.7104
10.01 - KRL No.652
11.55 - KRL No.7106
14.00 - KRL No. D6/10146
14.49 - KRL No.7108
15.50 - KRL No.664
17.10 - KRL No.10108
17.31 - KRL No.7110
19.10 - KRL No.670
19.52 - KRL No.D6/10282

 

Kota ini juga melahirkan banyak seniman tari, salah satunya adalah Bagong Kussudiardja, simak cerita bahasa jawa tentang sejarah kehidupan beliau dibawah ini:

Ing jagad tari, piyambake misuwur minangka pelopor seni tari modern ing Indonesia. Kajaba kuwi piyambake uga dikenal minangka pelukis. Kepiye ceritane kesenian kang seje bisa ditekuni bebarengan, artikel ing ngisor iki bakal  nyeritakake. Bagong Kussudiardja lair Selasa Kliwon, 9 Oktober 1928 ing Ngayogyakarta. Piyambake putra soko Raden Bekel Atma Tjondro Sentono  lan Siti Aminah.

Sejatine Bagong nduweni garis keturunan ningrat. Senajan duwe getih biru, nanging nyatane gesange keluarga iki adoh soko ‘nikmat’. Ramane ora liyo putrane G.P.H Djuminah, kang mas soko Sri Sultan Hamengkubuwono VIII.

Iku amarga ukuman Kuranthil kang ditibakake kanggo G.P.H Djuminah soko Hamengku Buwono VII. Sebab soko ukuma iki, yaiku G.P.H Djuminah mbelot.  Lataran ukuma iki, putrane nganti melu keno ‘pulute’. Ora ana perlakuan istimewa kaya dene putu-putu keluarga keraton.

Raden Bekel Atma Tjondro Sentono gesang kanthi kurang mampu ekonomine. Piyambake seniman, khususe pelukis wayang kulit lan penulis aksara Jawa. Kemampuan seni iki kang bajur tumurun ing Bagong Kussudiardja. Naging, lika-likune dari seniman gedhe uga ora singkat. Ekonomi ramane kang kurang mampu, nggawe Bagong enom nglakoni sembarang pagawean, kalebu tambal ban lan dadi kusir andong.

Mariwi getih seni soko ramane, Bagong banjur mantebake jiwa senine kanthi nyinau seni tari jawa klasik. Sekolah Tari Kredo Bekso Wiromo kang dipimpin dening Pangeran Tedjokusumo, kang dadi sekolah tari pisanan. Piyambake bisa mlebu ing sekolah iki ora liya amarga statuse minangka isih keluarga ningrat. Nalika melu ing sekolah tari kasebut, Bagong manggon ana ing Dalem Tejokusuman.

Ing tahun-tahun ngarepe, Bagong uga gabung karo pelukis Djajengasmoro ing tahun 1945. Banjur ing tahun 1946,  piyambake mulai sinau nglukis ing Sanggar Pelukis Rakyat lan langsung meguru marang pemimpin sanggar, yaiku Hendra Gunawan. Kajaba kuwi, piyambake uga ngangsu kawruh bab nglukis soko pelukis Sudiarjo.

Tahun 1950an bisa kasebut ‘wancine’ asma Bagong munggah. Ing tahun 1953, piyambake lan Kuswadji nggawe Tari Kuda-Kuda. Banjur ing 1954 diutus dening Presiden Soekarno kanggo melu Misi Kesenian Indonesia ing Republik Rakyat Tiongkok (RRT).  Nah, tari Kuda-kuda kang sedurunge digawe kuwi dipentasake ing misi kesenian iku.

Kabejan terus nyelimuti Bagong, sawise soko misi kesenian ing Negeri Tirai Bambu iku, banjur dikirim pemerintah ing pirang-pirang negara, antarane Korea, Vietnam, India, Thailand, Filipina, Singapura, Hungaria, Cekoslovakia, Austria, Italia, Perancis, Swiss, Jerman, Belanda, Swedia, lan Inggris.

Dene minangka pelukis, Bagong nate ngangsu kawruh ing Akademi Seni Rupa Indonesia (ASRI).  Kajaba kuwi, piyambake malahan dikirim sekolah nang Amerika Serikat ing tahun 1957-1958. Ing Negeri Paman Sam, piyambake sinau ing Connecticut College School of The Dance lan Studio Martha Graham.

Kondur soko Amerika Serikat piyambake banjur nggawe Pusat Latihan Tari (PLT) Bagong Kussudiardja ing 5 Maret 1958. Piyambake uga aktif ing seni rupa ing tahun-tahun kasebut. Kiprahe minangka pelukis mulai kesorot media ing pertengahan 1960. Nalika kuwi, Star Weekly ngewartakake Bagong, persise tanggal 23 Juli 1960. Media iku dadi arsip pisanan kang nulis karir Bagong minangka pelukis.

Nanging carut marut politik ing 1960an nggawe Bagong gawe keputusan metu soko Sanggar Pelukis Rakyat, amarga dianggep wes cedak karo Lembaga Kebudayaan Rakyat (LEKRA). Banjur piyambake ngedekake Sanggar Pelukis Indonesia (PI) bebarengan karo Kusnadi lan Sumitro sing netral lan ora kecatut urusan politik.

Amarga cedake Kusnadi karo pemerintahan, mulo sanggar iki bisa oleh pesenan karya seni soko pemerintah utowo acara internasional liyane. Amarga sanggar iki uga, Bagong bisa dadi wakil ing pirang-pirang misi kesenian, antarane ing Bukarest ing Rumania, Italia, lan Sri Lanka. Ing tahun 1962, Bagong uga nggawe pameran tunggal lan hasile disumbangake kanggo Operasi Pembebasan Irian Barat.

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Ajian Saifi Angin (Sepiangin), Sarana Teleportasi Jaman Dulu

Bicara soal ilmu kebatinan, ternyata ada banyak sekali jumlahnya di Indonesia, khusunya di tanah Jawa. Salah satu dari ilmu kebatinan yang melegenda yaitu bernama Saifi Angin. Ilmu ini diyakini dapat meringankan tubuh penggunanya sehingga bisa berlari atau berpindah tempat dengan sangat cepat bak angin. Baca Selengkapnya...