Waldjinah Misuwur Minang Ratu Keroncong Jawa

Wayang kulit, wayang uwong ugo ketoprak kalebu kesenian kondang soko Jawa, khususe Jawa Tengah lan Yogyakarta. Nanging kejaba, kesenian iku, ana maneh salah sawijine kesenian kang ora bisa dipisahake soko rong papan kang marisi tradisi Mataram Islam kuwi. Ora liya, kesenian kasebut yaiku keroncong Jawa. Nyebut kesenian siji iku, banjur ora bisa ucul saka asma Waldjinah.

Yo, Waldjinah misuwur minang Ratu Keroncong Jawa. Piye ceritane biyung saka 5 putra iku dadi artis keroncong Jawa, artikel iki bakal ngudhari sejarahe.

Waldjinah lahir ing Solo, Jawa Tengah 7 November 1945. Diceritaake dene mbiyen Waldjinah asring midangetake alunan musik Jawa nalika ngancani ramane ngecap batik*. Rupane, kebiasaan iki kang sakteruse dadi dalan minangka Waldjinah dadi bintang.

Piyambake miwiti karir minangka penyanyi keroncong wiwit isih cilik, umur welasan tahun. Naliko kuwi ing tahun 1958 ing Solo diselenggarakake kontes Ratu Kembang Katjang. Senajan isih cilik, umur 12 tahun, nanging Waldjinah kasil mikat para juri kanthi suarane kang khas. Waldjinah cilik banjur dinobatake dadi pemenang kontes Ratu Kembang Katjang. Iki kalebu unik, amarga piyambake dadi peserta paling  cililk ing kontes kasebut.

Perlombaan nyanyi iku mbukak dalan ombo karir Waldjinah cilik. Sawise dadi Ratu Kembang Katjang, Waldjinah mulai dilirik lan dikenal ing dapur rekaman sarta Radio Republik Indonesia (RRI). Amarga masalah ekonomi, Waldjinah nganti mendhot sekolah. Cita-citane dadi sekretaris pupus. Meneri masalah kuwi teko, kesempatan kanggo dadi pegawai honorer ing RRI uga teko.

Waldjinah kang nate diwawancarai CNN Indonesia, kurang luwih 2 tahun kepungkur mratelakake mbiyen ora bisa sekolah amarga ora duwe duit. Pakaryane biyunge minangka bakul lan ramane kang dadi tukang cap batik ora cukup kanggo mbiayai. "aku ora sekolah, ora duwe duit, ibuku dagang, bapakku dadi tukang cap batik, ak dadi penyanyi honorarium kanthi gaji Rp 15-Rp 17,” sebute karo ngguyu.

Piyambake uga nyeritake nalika iseh enom (remaja) asring melu kontes. Ora gampang marem dari salah siji rahasia kesuksesane Waldjinah. Senajan gelar Ratu Kembang Katjan wes dicekel, nanging perlombaan liyane tetep diiloni. Munggah ono ing kontes luwih gedhe, Waldjinah banjur melu kontes artis tingkat nasional ing Jakarta. Pisan mane Waldjinah sukses mikat para juri, ing tahun 1965 piyambake dadi juara Bintang RRI.

Cerito dadi bintang radio iki uga unik, amarga nalikane melu kontes kuwi Waldjinah nembe ngandut. Hadiah kang disokong dening Presiden Soekarno rupane dadi salah sijine alesan piyambake tetep melu kontes senajan nembe mbobot. "Ana sing kondho, 'weteng gedhe kok dadi bintang radio.' Aku kepengen wae nalika kuwi, marga ana hadiah saka Presiden Soekarno," sebut Waldjinah.

Kemenangane iki soyo ngunggahake jeneng Waldjinah. Kanti lagu Walang Kekek kang dikarang dewe, Waldjinah nggawe tembang Jawa nanging kanthi irama Keroncong. Gebrakan iki ndadekake dikenal ing sak Indonesia. Lagu kuwi pancen legendaris, kajaba tenar wektu kuwi, nganti saiki lagu iki ‘ora kadaluarsa’. Kanggo masyarakat Jawa, lagu iki ora asing, wiwit wong tuwo nganti wong enom. Para seniman malahan uga ngaransemen (aransemen musik) dadi gagrak musik jenis liyane, kaya campur sari utawa malah langgam, ora mung sewates keroncong kaya asline.

Waldjinah dhewe mratelakake dene kajaba Walang Kekek, tembang Yen Ing Tawang uga dadi favorite nganti saiki. Anggone nglakoni profesi minangka artis penyanyi, Waldjinah ora mung dhewe, nangung uga kolaborasi karo musisi liyane, koyo Mus Mulyadi, Gesang, Andjar Any lan Ismail Marzuki. Nganti saiki Waldjinah wes duwe 100 album lan 1.500 tembang. Saking okehe penghargaan kang wes ditampa uga konsistene nglestarekake musik keroncong Jawa, piyambake kaceluk Ratu Keroncong.

 

*Keterangan:

Batik adalah kain Indonesia bergambar, yang dibuat secara khusus dengan menuliskan atau menerakan malam pada kain itu (disebut sebagai motif batik), kemudian diproses dengan cara tertentu pula.

Motif batik bisa bermacam-macam bentuk, mulai hewan, manusia, geometris, dan lain sebagainya. Motif batik tertentu juga dipakai sebagai tanda atau untuk menunjukkan status seseorang di masyarakat.

Ada ribuan motif batik yang telah diciptakan oleh para pengrajin dan seniman di Indonesia. Para ahli batik kemudian mengelompokannya menjadi 7, salah satunya adalah motif Batik Parang.

Motif batik ini sudah dikenal sejak Mataram Kartasura. Sangat terkenal karena memiliki nilai filofosi yang tinggi, berupa petuah agar tidak pernah menyerah sebagaimana ombak laut yang tak pernah berhenti bergerak.

Serta menggambarkan jalinan yang tidak pernah putus, baik dalam arti upaya untuk memperbaiki diri, upaya memperjuangkan kesejahteraan, maupun bentuk pertalian keluarga.

Kain dengan morif Batik parang, dimasa lalu merupakan hadiah dari bangsawan kepada anak-anaknya. Contohnya: Parang Klitik dan Parang Rusak.

Sumber: id.wikipedia.org

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Is it True That Raden Patah, The King of Demak of Chinese Descent

Demak Sultanate had the important role in the history of Indonesia though they have not been existed for 100 years. Demak was known as the first kingdom pioneer in the spread of Islam in the land of Java including Nusantara or Indonesia. However, something is unique among the leaders especially Raden Patah. It is because he had the Chinese heritage within his blood from his mother and you can learn as well as know the history of his “peranakan” background. Baca Selengkapnya...