Nyi Tjondrolukito, Pesinden Pagelaran Wayang Kulit Kesenangane Mantan Presiden Indonesia

Kanggone para prosutresno karawitan, asma siji iki wes ora asing maneh. Yo, ora liya asma kesebut, yaiku Nyi Tjondrolukito. Piyambake kalebu legenda sinden Indonesia. Lahir kanthi asma asli Turah, wanita kelairan Desa Pogung, Sleman, Yogyakarta ing 20 April 1920 iku malahan nate dadi pesinden kesenengane  Bung Karno, Presiden Indonesia pertama. Opo sejatine kang ndadekake Nyi Tjondrolukito istimewa, saengga presiden kapisan Indonesia wae nganti ngormati lan seneng? Artikel ing ngisor iki bakal menehi jawaban kang padhang babagan iku.

Dene garwane asmane Ki Tjondrolukito. Kayata umume ing Tanah Jawa, Manawa piyantun estri ‘nunut’ asmane kang jaler, mula ora nggumunake Manawa Nyi Turah uga sateruse dikenal kanthi sebutan Nyi Tjondrolukiyo. Piyambake nggadhahi suara ingkang khas lan nduweni wangsalan kang khas uga. Cakepan-cakepan tetembangane uga nduweni makna utawa arti kang jero, arupo nasehat kanggo ngormati para ibu lan bapak (piyantun sepuh), ngangsu kawruh, lan bakti karo nusa lan bangsa sarta tresna karo sapadha-padha.

Kanthi kekhasan-kekhasan iku mau, mulo ora nggumunake manawa Nyi Tjondrolukito misuwur dadi pesinden kang agung. Asmane malahan wes ora asing wiwit zaman pemerintahan Hindia Belanda utawa Walanda.

Sanajan Nyi Tjondrolukito sekolah formale mung SR (Sekolah Rakyat) - setara SD ing jaman saiki, ananging piyambake nggadhai ilmu kang dhuwur babagan sinden lan budaya Jawa. Kacaritakake, manawa Ki Tjondrolukito minongko garwane kang ugo dadi abdi dalem ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat nduwe sumbangsih anggone ‘minterake’ Nyi Tjondrolukito. Piyambake ugo kang ngajari Nyi Tjondrolukito nganti bisa maca lan nulis sarta babagan irama-irama (nada-nada). Karuan wae, Nyi Tjondrolukito sabanjure dadi pesinden kang mumpuni. Ora mung nembang lelagon utawa gendhing kang wes ana, ananging uga nggawe gendhing-gendhing anyar.

Nganti kapundhut dening Gusti ing 1997, sak sithik-sithike ana 200 tembang kang wes digawe lan didokumentasikake luwih saka 100 album rekaman kaset. Tembang gaweane kang misuwur, yaiku Uler Kambang lan Kutut Manggung. Kajaba iku, piyambake nggadhai kabisan ngubah cakepan tembang, kayata Dhandanggula.

Sajroning gesange Nyi Tjondrolukito pancen mikul dhuwur kesenian. Ora cukup nyinden lan nggawe tembang, saperlu nguri-nguri budaya Jawa, piyambake uga ngedekake Sekolah Tari Ngesti Budaya. Malahan, piyambake uga dadi salah sawijine abdi Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan tenaga honorer ing RRI (Radio Republik Indonesia) Jakarta.

Prima, mantu Nyi Tjondrolukito nate mratelakake manawa ibu marasepuhe iku pahlawan seni budaya. Saka piyambake dingerteni ana salah sawijine cerita babagan pentas ing  Istana Negara lan iki gegayutan karo usaha Nyi Tjondrolukito anggone njunjung dhuwur pakurmatan sinden khususe lan karawitan umume.

Ana ing wanci semono, Presiden Indonesia pertama Soekarno nate dhawuh kanggo ngisi acara tamu saka luar negeri. Ananging Nyi Tjondrolukito nolak dhawuhe bapak Proklamator iku, saengga gawe duka. Ora suwe, dukane Bung Karno lerem lan mbenerake alesan si pesinden. Dene alesan Nyi Tjondrolukito nolak dhawuh presiden yaiku miturut pakem karawitan kang murni, pesiden utawa pemain karawitan (niyaga) kudu lungguh ana ing papan kang luwih dhuwur tinimbang para pamirsane, dudu lungguh kursi utawa ngadeg.

Kanggo pangeleng-eling uga ngurmati kiprah lan perjuangane anggone majokake lan nglestarekake jagad karawitan lan pesinden pagelaran wayang kulit, Pemerintah Kabupaten Sleman banjur njenengake salah sawijine dalan ing wilayahe kanthi asma Nyi Tjondrolukito. Ruas dalan Nyi Tjondrolukito diwiwiti saka Petinggen - batas Kota Jogja nganti prapatan Monumen Jogja Kembali. Sadurunge, dalan iku kasebut Dalan Monumen Jogja Kembali.

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Gua Maria Sumber Kahuripan - Paroki Santo Fransiskus Asisi Cibadak, Sukabumi

Salah satu tempat ziarah dan berdoa bagi umat Katolik di Sukabumi adalah Gua Maria Sumber Kahuripan. Yang terletak di Jl. Perintis Kemerdekaan No.29, Cibadak, Sukabumi, Jawa Barat 43155, sekitar ±19.33 Km dari Kantor Bupati Sukabumi. Gua Maria Sumber Kahuripan ini diresmikan oleh Uskup Bogor, Mgr Michael Cosmos Angkur, OMF pada tanggal 30 Mei 2004. Baca Selengkapnya...