Manthous Nggowi Lagu Campursari Sejajar Karo Genre Musik Liyane

Pro sutresno musik-musik Jawa wes ora asing maneh karo lagu campursari. Ya, campursari kalebu salah sawijine werna utawa genre musik kang nggabungake musik Jawa karo modern. Pelopor musik iki, campursari sejatine wes dikenal wiwit tahun 1978. Naliko kuwi kang ngenalake, yaiku R.M Samsi. 

Kasil nembus perusahaan rekaman swasta, Ira Record ing Semarang, nyatane kelompok campur sari iki ora biso nggayuh tenar, senajan wes ana 9 album rekaman sing digawe.

Ora kena diapusi manawa campursari R.M Samsi tuwuh ing ‘wanci ora tepat’. Kasebut ngono amarga campursari RRI iku tuwuh nalikane gendhing-gendhing Ki Nartosabdo isih moncer (1970an akhir nganti 1980). Campursari nembe ngremboko nalikane Manthous tenar. Seniman saka tlatah Playen, Gunung Kidul* iku kasil ngunggahake dan nggawe campursari sejajar karo genre musik liyane, koyo pop, dangdut, keroncong, lan sak panunggalane.

Banjur kepiye ceritane sang maestro lagu campursari iku nganti bisa ngumbulake campursari ing blantika musik Indonesia? Artikel iki bakal jlentrehake.

Lahir kanthi asma Anto Sugiartono, Manthous miwiti karir minongko penyanyi wiwit isih cilik. Pria kelairan 10 April 1950 iku, nekad lungo nang Jakarta soko Gunung Kidul nalika isih umur 16 tahun. Kanthi lulusan SMP, piyambake mung nduwe pilihan dari pengamen minongko profesi kang iso makili bakate.

Ora gampang urip ono ing ibu kota. Nanging piyambake ora patah semangat, nganti akhire nalika tahun 1969 mulai bisa ngrasakake profesi kang luwih apik. Gabung karo Orkes Keroncong Jakarta pimpinan B.J. Soepardi, Manthous enom dadi pemain cello petik. Banjur ing tahun 1976 piyambake sing wes piawai main bass nggawe grup band Bieb Blues. Grup band kang digawe kario Bieb, anake seniman kondang Benyamin Sueb, iki ngusung genre fungky rock.

Karir minongko pemusik terus munggah sithik-sithik. Piyambake banjur gabung karo Idris Sardi ing grup Gambang Kromong Benyamin Sueb.  Sedurunge, piyambake uga wes dadi pengiring Bing Slamet nalika tampil ana grup lawak Kwartet Jaya.

Suwene wektu, akhire ana ing tahun 1990, Manthous kenalan karo A.Riyanto sing nduweni studio ing Cipete. Anggone ‘mangan uyah’ ing maneka warna genre musik kuwi nggawe Manthous prigel ing aliran musik kang bedho-bedho. Pengalaman iki banjur dadi modal Manthous ngedekake grup musik ‘Grup Musik Campursari Gunung Kidul Maju Lancar’ ing tahun 1993.  

Bedho karo lagu campursari garapan R.M Samsi kang kurang dikenal, campursari Manthous kasil mikat pro sutresno musik Jawa. Iki ora liya amergi gebrakane ngusung gaya anyar, nggabungake gamelan Jawa karo musik modern (pentatonis dan diatonis).

Anggone ‘nyawisake’ lelagon, Manthous pancen seje. Piyambake ngusung lagu-lagu pop Jawa ing Jakarta, antarane ‘gethuk’ dinyanyeake dening Nur Afni Octavia lan tembang ‘kangen’ kang dinyanyeake dening penyanyi dangdut kondang, Evie Tamala ing tahun 1992. Asma Manthous mumbul sawise album Kanca Tani metu. Album iki laris banget nganti 1 juta kaset sing kasil didol. Minangka album iki uga, masyarakat banjur ngerti lagi ‘Nyidam Sari’. Lagu iki malahan tenar nganti saiki sanajan Manthous wes ‘kondur’ ing Ngarsa Dalem ing 9 Maret 2012.

Dene nganti kapundhut marak sowan, Manthous wes ngasilake nduwe tembang okeh. Kajaba Nyidam Sari, tembange Manthous kang misuwur nganti saiki koyo, Gethuk, Anting-Anting, Nyidamsari, Gandrung, dan Kutut Manggung. Piyambake uga nate nampa pirang-pirang penghargaan, antarane, ‘Seniman Inovatif oleh Seksi Budaya dan Film PWI Cabang Yogyakarta (1996)', 'Penghargaan dari Sri Sultan Hamengku Buwono X dalam acara Gelar Budaya Rakyat 1996 di Kota Yogyakarta ‘(1996), lan ‘Penghargaan Seni dari Pemda Propinsi DIY’ (1999).

 

*Keterangan:

Gunungkidul adalah salah satu kabupaten di Daerah Istimewa Yogyakarta. Pusat pemerintahannya berada di Kapanewon Wonosari. Kabupaten ini berbatasan dengan Kabupaten Klaten dan Kabupaten Sukoharjo di utara, Kabupaten Wonogiri di timur, Samudra Hindia di selatan, serta Kabupaten Bantul dan Kabupaten Sleman di barat.

Sebagian besar wilayah kabupaten ini berupa perbukitan dan pegunungan kapur, yakni bagian dari Pegunungan Sewu. Gunungkidul dikenal sebagai daerah tandus dan sering mengalami kekeringan di musim kemarau, tetapi menyimpan berbagai lokasi pariwisata yang indah, selain potensi budaya, maupun kulinernya.

Salah satunya adalah pantai Widodaren Gunung Kidul. Widodaren adalah istilah bahasa jawa, yang jika diartikan dalam bahasa Indonesia maknanya adalah bidadari,

Pantai berpasir putih dan memiliki tebing tinggi ini memang cantik dan indah seperti bidadari. Ombak ditepinya juga tenang dan cocok untuk bermain air.

Pantai Widodaren Gunung Kidul juga cocok jadikan tempat camping, karena letaknya yang tersembunyi dan jauh dari keramaian. Yaitu di Desa Kanigoro, Kecamatan Saptosari, Kabupaten Gunungkidul, Yogyakarta, di sebelah timur pantai ngrenehan. Dari pantai ngrenehan anda harus berjalan kaki ke timur sekitar 30-40 menit, lumayan menguras waktu dan tenaga.

JJika kalian ingin berkunjung ke Pantai Widodaren Gunung Kidul,  silahkan bawa perlengkapan dan bekal sendiri, dikarenakan di Pantai Widodaren masih minim fasilitas yang menunjang pariwisatanya.

Sumber: telusurjogja.com

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Ajian Brajamusti, Ilmu Tingkat Tinggi Yang Bikin Ngeri

Ajian brajamusti merupakan salah satu ilmu kuno yang digunakan untuk membela diri (kanuragan). Oleh sebab itu, ajian brajamusti mencakup kemampuan bertahan serta melakukan serangan, dengan gerakan yang sistematis dan terarah, menggunakan kekuatan yang melebihi manusia normal karena telah melalui pola latihan khusus. Sebagai ilmu kanuragan, ajian brajamusti berhubungan erat dengan kepercayaan Jawa yaitu ‘sadulur papat lima pancer’, sebuah filosofi yang menjadi simbol kearifan lokal Jawa. Dilihat… Baca Selengkapnya...