Siji-Sijine Kang ‘Jajah’ 5 Benua, Dhalang Wayang Kulit Anom Suroto

Ngomongke babagan asma-asmane dhalang, Klaten kalebu gudange. Kabupaten kang nduweni semboyan ‘Bersinar’ iki ora bisa ditampik minangka papan kelairane para dhalang kondang. Kajaba Ki Nartosabdo kang nyangdang predikat dhalang paling apik kang durung ana tandhinge tekan saiki, isih akeh asma-asma dhalang kang uga misuwur nduweni buah khas durian iku. Salah sijine dhalang wayang kulit Anom Suroto. 

Piyambake yaiku siji-sijine dhalang kang wes ‘jajah’ alias pentas ana ing 5 benua. Kepiye crito pria kelairan Juwiring, Klaten, Rabu Legi, 11 Agustus 1948 iki nganti dadi siji-sijine dhalang kang wes pentas ing 5 Benua? Iki ceritane.

Jagad pedalangan diwiwiti dening Ki Anom Suroto cilik, nalike isih umur 12 tahun. Piyambake sinau ndhalang saka ramane dhewe, Ki Sadiyun Harjadarsana kang uga nduweni profesi minangka dhalang. Kajaba ‘meguru’ langsung saka ramane, Ki Anom Suroto ugi ngangsu kawruh sawatara dhalang senior liyané, kayata Ki Nartasabda.

Ora cukup kuwi wae, Ki Anom Suroto uga sinau dhalang kanthi Kursus Pedalangan kang diselenggarakae dening Himpunan Budaya Surakarta. Piyambake uga sinau ing Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Asmane mulai tenar nalika pentas ana ing RRI (Radio Republik Indonesia) tahun 1968 kanthi seleksi kang ketat.

Sawise iku, asmane dhalang wayang kulit Anom Suroto terus munggah lan akeh pisuwunan pementasan. Sajroning nglakoni profesi minangka dhalang tekan saiki, wes akeh prestasi kang ditorehkake. Kira-kira sedasawarsa sawise iku (1978), Ki Anom Suroto diangkat minangka Panèwu Anon-anon kanthi peparab Mas Ngabehi Lebdocarito, terus ing 1995  uga nampa Satya Lencana Kabudayan. 

Tekan saiki, Ki Anom Suroto kalebu siji-sijine dhalang Indonesia kang wes pentas ana ing 5 benua, saka Amerika, Asia, Eropa, Australia, uga Afrika. Luwih lengkap, Ki Anom Suroto nate pentas ana ing Amerika Serikat (1991) minangka pameran KIAS (Kebudayaan Indonesia di AS), banjur Jepang, Spanyol, Jerman Barat (kala semono) lan Australia.

Ki Anom Suroto uga nate dikirim Dr Soedhjarwo minangka Ketua Umum Sena Wangi ing India, Nepal, Thailand, Mesir lan Yunani saperlu nambah wawasan bab dewa-dewa.Auditorium iku dikebaki kurang luwih 300 penonton kang semangat. Ora arang para penonton ngguyu kepingkel amarga banyolan kang dicetuske dening Ki Anom Suroto sajroning pementasan.

Masyarakat Negeri Gingseng bisa nikmati pentas kui amergo diterjemahke ing bahasa Korea ing layah kang dipasang sak pinggire panggung. Kajaba ‘manggung’ dhewe, Ki Anom Suroto kalebu dhalang kang aktif pentas karo dhalang liyane. Salah sijine pementasan kang iso kasebut ‘nggegerake’ yaiku duet karo Ki Manteb Soedharsono ing tahun 2016 ana ing Marakash Square, Jawa Barat.

Kasebut mangkono amarga loro-lorone kalebu dhalang kang kondang.  Dhalang loro kui pance dikenal duwe tali kekancan kang raket. Salah sijine alasane amarga tahun kelahirane padha. Ing wulan Mei 2018, Ki Anom Suroto ugo pentas ing Rusia. Ora dhewekan, Ki Anom Surata nalika kui duet karo dalang kondang saka Indonesia liyane, kayata Ki Bayu Aji lan dhalang cilik Pramariza Fadlansyah lan RAafi Ramadhan.

Paling anyar, piyambake pentas ana ing Auditorium Seoul Institute of the Arts (SIA), Korea Selatan, Kamis, 4 April 2019  kanthi lakon Ramayana.Nganti saiki, dhalang  kang nate nggawe gendhing Jawa Nandur ngunduh, Salisir, Satria Bhayangkara iku isih aktif pentas ing macem-macem panggonan. Sanajan yuswane wes ora enom maneh, ananging jiwa dhalang wayang kulit Anom Suroto tetep urip lan semangate nglestareake Wayang patut diacungi jempol!

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Candi dan Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus, Ganjuran, Bantul

Untuk umat beragama Katolik tentunya sudah tidak asing dengan Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus Ganjuran atau sering disebut Gereja Ganjuran. Gereja Katolik Roma ini berlokasi di Jalan Ganjuran, Sumbermulyo, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta 55764. Tidak seperti Gereja Katolik lainnya, Gereja Ganjuran ini terkenal karena arsitektur yang bercampur dengan model arsitektur Hindu dan Jawa. Baca Selengkapnya...