Enthus Susmono, Dalang Wayang Kulit Terkenal Kang Ngrangkep Bupati Tegal

Umpama disebut jeneng Kabupaten Tegal, apa kang panjenengan pikirake? Yo, ora kleru manawa kabupaten iki kondhang dadi salah sawijining papan asale griya dhahar omahan utawa kasebut ‘Warung Tegal’ utawa meneh luwih kondang kasebut ‘warteg’. Kajaba kui, kabupaten kang ora adoh saka Bumi Pasundan iku uga nduweni seniman kondang, khususe seni pedalangan lan wayang kulit. Ora liya seniman kang misuwur iku, Ki Enthus Susmono.

Asma kang nembe wae kasebut, yaiku salah sawijining dhalang kondang saka tlatah Jawa. Pria kelairan 21 Juni 1966 ikut ora mung nekuni jagad pedalangan wae, ananging ugo jagad perpolitikan. Iku dibuktekake kanthi kapilihe Ki Enthus Susmono minangka Bupati Tegal luwih saka setengah dekade kepungkur. Piyambake kacatet minangka bupati Tegal ke-47.  Jabatan kasebut dipangku wiwit 8 Januari 2014 - 14 Februari 2018. 

Getih pedalangan kang diduweni iso kasebut titisan saka leluhure. Kasebut ngono, amergo ramane, Soemarjadihardja ugo dhalang wayang golek kang misuwur ana ing wancine saka Tegal. Generasi sak nduwure, yaiku R.M. Singadimedja sing ora liyo eyang buyute Ki Enthus uga nekuni profesi minangka dhalang kondang. Piayambake asline saka Bagelan, lan asmane tenar ana ing wancine pemerintahan Sunan Amangkurat (nalika zaman Kerajaan Mataram Islam). 

Beda karo piyantun sepuhe kang nekuni dhalang wayang golek, Ki Enthus luwih inovatif. Piyambek nyampu (kolaborasi) antarane wayang golek lan wayang kulit. Kabisan kang ora biasa diduweni dhalang iki, ndadekake ciri khas Ki Enthus. Ora mung kuwi wae, Ki Enthus uga nduweni kemampuan nyusun komposisi musik, tradisional lan modern. 

Piyambake ugo duwe ciri banyolan khas kang ora diduweni dhalang-dhalang wayang kulit liyane. Ora gumuake nalikane pentas, penonton luwih atraktif lan semangat. Dhalang kang uga kacatet nate aktif ana ing lembaga bela diri Inkai lan Perisai Diri Kabupaten Tegal iku, uga iso napsirke (interpretasi) lan ngadaptasi cerita sarta jeli maca isu-isu anyar.

Awit iku, mula ora nggumunake uga Manawa Ki Enthus uga dikenal pinter nggawe krakater wayang kontemporer. Wayang kasebut antarane Wayang Batman (2001), Wayang Alien (2001), Wayang tokoh-tokoh politik (2001), Wayang Teletubies (taun 2001), Wayang Rai Wong (taun 2005-2006), Wayang Walisanga, Wayang planit (2001—2002), Wayang Prayungan (2000—2001), Wayang Wali (2004—2006), Wayang Goerge Bush (2006 lan 2008), Wayang Saddam Husein (2006 lan 2008), Wayang Osama bin Laden (2002), Wayang Gunungan Tsunami Acèh (2006), Wayang Gunungan Harry Potter (2006), Wayang Simphony (2007), Wayang Blong (2007), lan Wayang Kebangsaan uga Wayang Minimalis (2007).

Kiprahe ana ing jagad pewayangan lan pedalangan kasebut dawa. Piyambake wes aktif pementasan kanthi aktif wiwit tahun 1986. Rata-rata, saben tahun, piyambake nglakoni nganti 70 pentas. 

Ana ing tahun 2006, piyambake nate nggelar Wayang Simphony nang Taman Ismail Marzuki, Jakarta. Acara kasebut kalebu rangkaian Sepekan Wayang Kebangsaan. 

Kajaba pentas dhewe, piyambake uga nggelar pagelaran wayang bareng dalang kondhang ana ing pentas kanthi tajuk, “Duel Dhalang Kondhang: Ki Entus lan Ki Manteb” ana ing Monumen GBN Slawi, Tegal ing tahun 2007. Ing tahun iku, piyambake uga nggelar pentas Wayang Blong ana ing acara Festival Seni Surabaya. 

Banjur, ing tahun 2008, Ki Enthus kadapuk makili Indonesia ing acara Festival ing Denpasar, Bali. Kajaba pentas-pentas kang kasebut, piyambake uga nglairna konsèp Wayang Kulit Kabangsan, sawijining konsèp gelaran wayang sing ngangkat isu-isu kabangsan lan nasionalisme.

 

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Baca Cerita Lucu Bahasa Jawa, Bisa Meningkatkan Imun

Banyak orang menyukai hal-hal yang lucu sebagai sarana hiburan, terutama yang tersaji dalam sebuah cerita. Di Indonesia cerita lucu terdiri dari berbagai bahasa, mulai dari bahasa Indonesia, Inggris hingga bahasa daerah. Satu di antara adalah cerita bahasa Jawa, sebuah bahasa yang digunakan orang-orang yang berasal dari wilayah Jawa Timur, Yogyakarta, Jawa Tengah dan sebagian Jawa Barat. Baca Selengkapnya...