Didi Kempot, Artis Maestro Campursari Kang Dadi Ramane ‘Sobat Ambyar’

Ing tlatah Jawa Tengah lan Ngayogyakarta Hadiningrat asma Didi Kempot wes ora asing maneh kanggo masyarakat, soko cilik, enom nganti sepuh. Nanging sakjroning setahun iki asma Didi Kempot soyo munggah. Iki ora liya amarga maestro campursari saka Solo* iku dari ramane para ‘sobat ambyar’. Lair ing Surakarta, 31 Desember 1966 kanthi asma Dionisius Prasetyo, prio iku pancen nduweni getih seni.

Ramane kondang minangka seniman tradisional, yaiku Ranto Edi Gudel utawa asring dikenal Mbah Ranto. Piyambake uga dulur kandung almarhum Mamiek Prakoso kang kondang minangka pelawak senior Srimulat.

Karire minangka musisi Jawa kalebu ora singkat. Anggone ngamen ing kutho kelairane iku, Didi Kempot mung modal ukulele lan kendhang. Antarane 3 tahun ‘jajah’ Solo, piyambake nerusake laku ing Jakarta ing tahun 1987 nganti 1989. Anggone ngamen ing Jakarta, Didi bareng karo konco-koncone. Papan sing dadi ‘area’ ngamen soko Slipi, Palmerah, Cakung uga Senen. Awit anggone ngamen bebarengan, mulo thukul karapan ‘Kempot’, singkatan soko Kelompok Pengamen Trotoar’.  Karapan iki kang nganti saiki digowo Didi minangka asma panggunge.

Dene anggone nggawe tembang campursari, Didi Kempot nduweni tema cidro utawa kelangan. Didi nduwe alesan sengojo milih tema kasebut amergo rata-rata uwong ngalami pengalaman kuwi. Kajaba kuwi,  lagune biasane nyebut sawijine papan, koyo, Stasiun Balapan, Terminal Tirtonegara, Segoro Tuban, Teluk Penyu, Lintang Ponorogo, lan sak panunggalane. Iki nduweni maksud Didi Kempot pengen cedhak karo masyarakat.

Ora kasil ing negarane dhewe, Didi Kempot banjur njajal tampil ing Suriname, negara ing Amerika Latin kang uga migunaake basa Jawa minangka basa sedino-dino. Ing negara iki uga piyambake ngusung tembang cidro. Kabejan rupane teko! Lagu iki kasil mikat masyarakat Suriname lan ndadekake Didi Kempot musisi kondang ing negara iku.

Ora cukup marem dadi penyanyi kondang ing Suriname, Didi Kempot banjur nggarap lan ngrekam lagu Layang Kangen ing Walanda. Lagu iki uga nggowo sukses. Sawise iku, piyambake nembe bali nang Indonesia lan nglekasi profesine minangka penyanyi profesional. Tembang ‘Stasiun Balapan’ kang dirilis ing 1999 dadi lagu pisanan ing Indonesia lan nggowo sukses.

Wiwit era reformasi kuwi, Didi Kempot alon-alon mulai dikenal dening masyarakat Jawa, khususe Jawa Tengah lan Jogja, uga Jawa Timur. Asmane terus munggah ing tahun 2000-an. Radio-radio tansah nyiarake lagu-lagune. Piyambake dadi idola anyar sawise maestro campursari Manthous ‘kondur’.

Cakepan tembange kang gampang dipahami uga nduweni tema cidro ndadeake tembang-tembang Didi Kempout katampa masyarakat kanthi apik. Manawa pirang-pirang tahun kepungkur lagu-lagune luwih kondang ing kalangan masyakrakat Jawa, saiki lagune kondang ing sak Nuswantara. Era internet lan media sosial ora bisa ditampik ndadeake Didi Kempot kang uga kondang luwih dhisik kondang ing Surname lan Walanda ketimbang ing Indonesia iki soyo tenar ing yueswane kang luwih soko setengah abad.

‘Sobat ambyar,’ ngono bahasane para milenial utama kawula mudho nyebut pro sutresno lagu-lagune Didi Kempot. Konser-konser ing kutho-kutho ing Indonesia koyo ora tau leren nyusul tenare Didi Kempot ing wanci mburi iki. Ora kalah karo K-POP idola para enom soko Korea, konser Didi Kempot digelar ing ngendi papan tansah rame. Suarane kang khas ditambah melodi-melodi kang enak dirungoake lan cakepan lagune kang sendu, nggawe pro sutresnone ‘ambyar’!

 

*Keterangan:

Kota Surakarta, disebut juga sebagai Solo, adalah wilayah otonom dengan status Kota di bawah Provinsi Jawa Tengah. Kota ini juga merupakan kota terbesar ketiga di pulau Jawa bagian Selatan, setelah Bandung dan Malang menurut jumlah penduduk.

Pemerintah Kota (Pemkot) Surakarta terus berusaha mengembangkan sektor pariwisata kota, salah satunya adalah kawasan Heritage Palace Solo.

Tempat ini merupakan bangunan cagar budaya (BCB) bekas pabrik gula peninggalan jaman kolonial Belanda. Bentuk bangunan dan suasananya masih kental dengan nuansa tempo doeloe. Mengunjungi The Heritage Palace seolah sedang berada di Eropa abad ke 18.

Bangunan memang sudah berdiri sejak tahun 1892, dengan luas lahan sekitar 2,2 hektar. Ada sembilan bangunan kuno disini, lengkap dengan cerobong asapnya yang tingginya mencapai 20 meter. Namun baru tiga bangunan yang dibuka untuk umum.

Halaman luar Heritage Palace Solo ini, telah ditata apik menjadi museum transportasi dengan cara memajang mobil kuno berbagai merek. Salah satunya adalah  mobil Dodge buatan tahun 1948,  yang dulu pernah digunakan Proklamator RI, Ir. Soekarno. 

Selain wahana yang sudah disebutkan di atas, The Heritage Palace Solo juga memiliki beberapa wahana menarik yakni Museum 3D Trick Art, Museum Industri, Omah Kwalik, Garden Retro Paradise, Convention Hall, serta Kids Town & Food Street. 

The Heritage Palace Solo buka setiap hari, dengan jam operasional sebagai berikut :

  • Senin-Kamis buka pukul 10.00 – 18.00 WIB.
  • Jumat-Minggu buka pukul 09.00 – 21.00 WIB.

 

Sumber: www.idntimes.com

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Candi dan Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus, Ganjuran, Bantul

Untuk umat beragama Katolik tentunya sudah tidak asing dengan Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus Ganjuran atau sering disebut Gereja Ganjuran. Gereja Katolik Roma ini berlokasi di Jalan Ganjuran, Sumbermulyo, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta 55764. Tidak seperti Gereja Katolik lainnya, Gereja Ganjuran ini terkenal karena arsitektur yang bercampur dengan model arsitektur Hindu dan Jawa. Baca Selengkapnya...