Basiyo, Maestro Dagelan Jawa Tengah Gaya Mataram

Dagelan (jowo)* utawa lawak kalebu salah sawijine kesenian kang wes tuwuh suwe ing tlatah Jawa Tengah. Dagelan Mataram kalebu salah sawijine grup utawa paguyuban dagelan gagrak lawas kang legendaris. Nganti saiki, jeneng Dagelan Mataram nganti saiki ora surut, senajan tokoh e wes podho ‘dipundhut’. Nyeritakake babagan tokoh Dagelan Mataram, mulo ora bisa nglalekake Basiyo, minongko pioner utawa oyot e dagelan Jawa lan umume seni lawak ing Indonesia.

Awit soko kaprigele anggone ndagel, ora salah manawa Basiyo diarani maestro Dagelan Mataram. Minongko pelawak utawa pendagel, Basiyo ora mung waton. Piyambake nduweni ciri khas, yaiku ngangkat budaya Jawa Mataraman. Anggone ndagel Basiyo nduweni gaya monolog, persis koyo stand up comedy kang pirang-pirang tahun iki tenar ing kalangan enom.

Ananging, cerita kang diangkat utawa dadi lakon ndagel Basiyo iku didasarake realitas sosial lan pengamatan sosial. Basiyo uga nduweni ‘koco benggolo’ kang seje anggone mirsani kahananiku mau. Mulo, piayambake bisa nguculake lawakan kang khas nanging mentes.

Awit kaprigelane iku, dagelan ‘munggah pangkat’, sejajar karo kesenian Wayang Kulit, Wayang Uwong, Ketoprak lan sak panunggalane. Mbiyen dagelan dianggap kesenian Jawa kang asor utawa remeh. Nanging, carane Basiyo anggone nggodhok realitas masyarakat dadi bahan lawak kanthi analisis kang landep, nuwuhake dagelan kang ‘ora murahan’.

Saking pinter e Baiyo anggone ngolah bahan dagelan, masyarakat nganti nduweni karapan khas anggone ndagel, yoiku ‘mbasiyo’. Karapan iki ateges humor e Baiyo iku nduweni kapribaden sarta bisa nonton soko kenyataan.

Amarga substansi utawa isine dagelan kang ora ‘asor’ kuwi mau, nganti saiki Dagelan Mataram dening Basiyo tetep lestari, senajan mung biso dirungoake soko rekaman audio utawa siaran radio-radio.  

Basiyo ora mung kasil nggedhekake  Dagelan Mataram minangka paguyuban lawak Jawa Tengah gaya Mataram Jogja, nanging uga bisa dadi inspirasi tuwuhe seni lawak ing Indonesia. Salah sawijine grup lawak kang diilhami ‘gaya’ Dagelan Mataram, yaiku Srimulat. Cara adegan, pola ucap uga karakterisasi lan dramaturgi grup dagelan kang dipimpin dening Teguh Srimulat lan moncer ing tahun 1970an iku mirip koyo Dagelan Mataram.

Sakjroning dadi pendagel, Basiyo wes ngasilake okeh rekaman kaset dagelan. Lakon-lakon kang tenar iku antarane, , “Dadung Kepuntir”, “Sampek Ingtay”, dan “Basiyo Mbarang”, “Basiyo Nanggap Kroncong” kang diproduksi dening label Fajar Record Semarang, uga lakon “Gandrung Kepenthung”, lan “Pari Bengkong” kang diproduksi dening label Kusuma Record, Klaten, Jawa Tengah.  Kajaba iku, ana uga lakon kondang “Goro-Goro Berlian,”  kang dilabel Nisanda Record (Semarang).

Piyambake uga ngisi acara Pangkur Jenggleng kang disiarake dening Radio Republik Indonesia (RRI) Yogyakarta ing tahun 1950. Acara kasebut uga Dagelan Mataram pancen dadi titik balik karier Basiyo minongko seniman dagelan. Amarga group lan acara iku, asmane terus ‘mabur’. Keremenane tumprap budaya Jawa, khususe dagelan ora cukup mung diwujudake kanthi penthas ‘rono-rene’ lan rekaman ing kaset uga siaran ing radio, naliko semono, nanging uga diwujudake kanthi ndharmabakteake awake kanggo Kraton Ngayogyakarta, kanthi dadi abdi dalem.

Pangkate minangka abdi dalem, yaiku Lontangpangarsa. Piyambake dadi abdi dalem ‘oceh-ocehan’ kang nduweni tugas nglipur raja kanthi lawakan. Biso dibayangke, manawa raja wae nganthi bisa dilipur, kepiye anggone nglipur masyarakat umume. Ngelingi manawa raja iku  piyantun kang luhung, anggone matur uga ora bisa sembrono.

Ngono mau cerita singkat babagan sang maestro Dagelan Mataram Jawa Tengah, Basiyo. Piyambake tilar dunyo ing tahun 1979. Sawise ‘tindhake’, acara Pangkur Jenggleng ing RRI Yogyakarta tetep disiarake rutin saben Senin bengi wiwit jam 11 nganti 2 isuk, disengkuyung Ngabdul lan seniman RRI Yogyakarta liyane.

 

*Keterangan:

Dagelan (Jawa) adalah pertunjukan lawak atau sebuah adegan yang menimbulkan kelucuan. Dalam bahasa Melayu disebut juga alan-alan. Sementara dalam dialek Jakarta disebut bebodoran.

Dagelan Jawa termasuk dalam salah satu seni rakyat yang sifatnya spontan. Hanya berdasarkan sebuah lakon singkat yang kemudian dikembangkan sendiri oleh pemainnya ketika pementasan berlangsung.

Artinya, pertunjukan dagelan jawa tidak terikat pada naskah atau teks yang memberi alur cerita. Melainkan berdasarkan improvisasi percakapan yang dilakukan oleh pemain.  Kelucuan muncul dari gerak-gerik, cara bicara, dan isi pembicaraan pemain.

Sifat dagelan jawa adalah parodi, maka efek realistis dihindari. Termasuk peran perempuan, seringkali dimainkan oleh laki-laki.

Dagelan pun seringkali hadir sebagai selingan untuk mencairkan suasana, dalam pementasan drama panjang. Misalnya pada pementasan drama yang terdiri dari dua babak, maka dalam pergantian babak tersebut dagelan baru dimainkan.

Akan tetapi, ada pula pertunjukan khusus untuk dagelan jawa. Biasanya hanya terdiri dari satu  babak saja,  yang berlangsung antara 4-5 jam. 

Sumber: id.wikipedia.org

  • Tips Mencari Tukang Bangunan Untuk Perbaikan Rumah Bocor

    Udara yang segar dan relatif dingin adalah alasan utama seseorang betah tinggal di Bogor. Bagaimana tidak, ditengah kota Bogor terdapat Kebun raya. Dengan luas mencapai 87 hektar (ha), Kebun Raya Bogor memiliki peran yang penting. Diantaranya menjadi paru-paru kota yang memasok oksigen yang berlimpah bagi warganya. Namun dibalik dari rasa nyaman yang dirasakan, warga Bogor ternyata kerap mengalami berbagai masalah akibat curah hujan yang tinggi salah satunya adalah atap rumah yang bocor.

Is it True That Raden Patah, The King of Demak of Chinese Descent

Demak Sultanate had the important role in the history of Indonesia though they have not been existed for 100 years. Demak was known as the first kingdom pioneer in the spread of Islam in the land of Java including Nusantara or Indonesia. However, something is unique among the leaders especially Raden Patah. It is because he had the Chinese heritage within his blood from his mother and you can learn as well as know the history of his “peranakan” background. Baca Selengkapnya...